BAB TEMBANG MACAPAT
a.
Pangertene Tembang
Macapat. Macapat yaiku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Diarani tradhisional amarga
kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Saben pada
(bait) macapat nduweni baris ukara sing diarani gatra, lan saben gatra nduweni
sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni
pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat tegese maca papat-papat, yaiku carane
maca andhegane saben patang wanda (suku kata).
· Paugerane
(aturan) Tembang Macapat Tembang macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya
kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang
tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing
aturan/paugeran tartamtu.
b. Paugeran-paugeran
jroning tembang macapat, yaiku:
1)
Guru gatra yaiku
cacahing
gatra/larik/baris ing saben pada. (jumlah baris dalam 1 bait)
2)
Guru wilangan yaiku
cacahing
wanda ing saben gatra. (jumlah suku kata dalam setiap baris)
3)
Guru lagu yaiku
tibaning
swara ing pungkasaning gatra. (jatuhnya suara vokal di akhir baris)
CARA
GOLEKI GURU GATRA, GURU WILANGAN LAN GURU LAGU=
Gatekna
tembang mijil ing ngisor iki:
TEMBANG MIJIL
1 à Dedalane
guna lawan sekti à (de-da-la-ne- gu-na-
la-wan-sek-ti = 10) i
2 à Kudu
andhap asor à (ku- du- an-dhap- a-shor= 6) o
3 à Wani
ngalah luhur wekasaneà (wa-ni-nga-lah-lu-hur-we-ka-sa-ne=10) e
4 à
Tumungkula yen dipun dukani à (tu-mung-ku-la-yen-di-pun-du-ka-ni=10) i
5 à Bapang
den simpangi à (ba-pang-den-sim-pang-i= 6) i
6 à Ana catur
mungkur à (a-an-ca-tur-mung-kur=6) u
1.
Apa jinising tembang macapat ing ndhuwur?
Wangsulan: à
Jenis Tembang= Tembang
macapat MIJIL
2.
Pira guru gatrane?
Wangsulan: à (dihitung jumlah barisnya) ana 6 Gatra
3.
Pira guru wilangane?
Wangsulan à
(dihitung suku kata setiap baris) =10-6-10-10-6-6
4.
Pira guru lagune?
Wangsulan: à
(dilihat huruf vokal disetiap akhir baris) = i-o-e-i-i-u
5.
Pira guru wilangan lang guru lagune?
Wangsulan:
à
10i – 6o – 10e – 10i
– 6i – 6u
Tembang macapat
jinise ana 11. Saben jinis tembang macapat duwe paugeran dhewe-dhewe.
c. Saliyane
kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, tembang macapat uga nduweni
titilaras lan cakepan.
Titi laras, utawa cukup di ucapke laras, kaperang dadi loro, yaiku laras
slendro lan laras pelog.
*titi laras=
tangga nada
*cakepan=
lirik/syair
d. Cakepan
tembang iki sejatine ora beda karo wangun geguritan kang banjur dilagokake.
Urut-urutané
tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa wiwit
bayi abang nganti tumekaning
pati :
1.
Maskumambang
Gambaraké
jabang bayi sing isih ana
kandhutané ibuné, sing durung
kawruhan lanang utawa wadhon, Mas
ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
(masih
dikandungan)
2.
Mijil
Ateges wis lair
lan jelas priya utawa wanita. (keluar
atau lahir)
3.
Sinom
Ateges
kanoman, minangka
kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh
sak akèh-akèhé. (anak muda yang mencari ilmu)
4.
Kinanthi
Saka
tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam ndonya. (dituntun
dalam menjalani kehidupan dan mencari ilmu)
5.
Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok
baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi. (merasakan
rasa cinta)
6.
Gambuh
Saka
tembung jumbuh / sarujuk kang
ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing
padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
(cocok
sudah menemukan pendamping yang cocok)
7.
Dhandhanggula
Nggambaraké uripé
wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon
duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi
wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
(kehidupannya sudah indah berada di puncak
kejayaan)
8.
Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané
kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh
marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan
watak sosialé manungsa. (suka bersedekah)
9.
Pangkur
Saka tembung mungkur
kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin
wèwèh marang sapadha - padha. (sudah
selesa saatnya menyingkirkan hawanafsu angkara murka mempersiapkan untuk
kembali pada Tuhan)
10.
Megatruh
Saka tembung megat
roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak
sowan mring Sing Maha Kuwasa. (
mati atau dilepasnya nyawa dari badannya)
11.
Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
(sudah
meninggal dan di pocong sebelum dikuburkan .
TULADHA:
Tembang macapat bisa kagunakake kanggo
sarana medhar gagasan wernawerna.
Wiwit medharake
ilmu pengetahuan lan teknologi, tuntunan tata kaprajan, ulah tetanen, nganti pitutur luhur kanggo
ngundhakake budi pekerti. Kabeh iku bisa diwedharake liwat tembang macapat.
Coba gatekna
cakepan tembang mijil ing ngisor iki!
Dedalane
guna lawan sekti
Kudu
andhap asor
Wani
ngalah luhur wekasane
Tumungkula
yen dipun dukani
Bapang
den simpangi
Ana
catur mungkur
Cakepan tembang ing dhuwur ngandharake manawa manungsa
kepingin pinter lan mukti kudu andhap asor. Lire ngurmati marang liyan.
Wong wani ngalah iku luhur /dhuwur wekasane. Lire ngalah iku ora ateges kalah.
Malah kosok baline wong kang gelem ngalah iku luhur wekasane. Tumungkula yen
didukani. Tegese yen dituturi kudu dirungokake, ora perlu dibantah, banjur
disaring. Pitutur sing becik dianggo, sing ora becik dibuwang tanpa kudu
mbantah sing nuturi.
Carane
Nembang Macapat
Supaya bisa nglagokake tembang macapat kanthi
apik, lumrahe kudu ngerteni bab-bab, kayata:
1. Nguwasani tembang, amarga jinise tembang
macapat iku ana 11, sajroning nembangake tembang saben pupuh beda jinis
tembange.
2. Kudu mangerteni
watake tembang.
3. Mangerteni guru
wilangan lan guru lagu saben tembang macapat.
4. Kudu mangerteni tegese tembung utawa makna
bahasa sing diwaca ing tembang.
5. Nguwasani lan
mangerteni dununging andhegan, aja nganti mancah sawijining tembung.
6. Yen ta amiwiti
nembang gumantung wates tebaning swarane dhewedhewe aja nganti mblero kendheken
utawa kedhuwuren.
7. Mangerteni lan
nguwasani ngenani tempo jroning macapat, aja kendheken utawa kedhuwuren,
kira-kira padha ukarane kaya maca gancaran. Antarane saben seleh lan saben
amiwiti nembang aja kesuwen utawa kecepeten.
No comments:
Post a Comment